Rabu, 09 September 2009

mBukak Lawang (open house) SMAGO86 Lebaran 2009

Katur : Sedulur SMAGO86,
 
Sedurunge nyuwun ngapura meng Sedulur kabeh, utamane Lurahe.  Lha telat banget lapurane...
 
Sesuai hasil musyawarah Prabot karo warga sing nang Gombong, ngepasi karo Buka Bersama nang ndaleme kang Bayan (Lukman S.) dina Setu 5 September 2009, ana 3 babagan sing arep tek aturna meng Sedulur kabeh.  Awit ora kabeh sedulur pada mbukak internet (millis /facebook), atas nama Prabot SMAGO86 nyuwun tulung dipun getok tularaken meng kabeh sdulur sing ketemu, mbuh langsung apa sms apa layang liyane...
  1. Lebaran 2009 ora nganakaken Temu Kangen gedhen, tapi nggawe acara Mbukak Lawang utawa Open House nggo ketemuan sedulur2 sing pada mudik sekang paran.  Rencana Mbukak Lawang dileksanakaken :

        Panggonan    :    Daleme Bayan Lukman Prayitno/Umang Gg. Nyiur no. 2 Gombong

       Dina/tanggal :    Rebo, 23 September 2009

        Wektu           :    Jam 09.00 WWIB - rampung
        Uborampe      :    - Orgen tunggal kang Pujo Raharjo (IPS4)
                                  - Snack a la Nguna.
        Acara             :  siturahmi...
kangen-kangenan. ..nyanyi- nyanyi...
        Pernik            : sedulur bisa tuku/pesen oleh2 Kebumenan..
 
2. Prabot karo keluwarga SMAGO86 sing manggon nang Gombong lan sekitare (karanganyar- tambak-sumpiuh) arep nganakna SILAWUH 3 wulanan (silaturahmi- arisan-ngangsu kawruh).  Rencanane arep dimulai wulan Nopember 2009.  
 
Setitik babagan Silawuh:
  • Nang acara SILAWUH, utamane nggo SIlaturahmi kluarga SMAGO86, jenenge baen kluarga, dadi nek rawuh ya karo kluargane, nek sing durung ben tambah gregete.
  • Arisan kur nggo cencangan ben pada rawuh, mulane arisane wong, nek titip trus metu jenenge ya dilebokna maning.
  • Ngangsu kaWrUH nang kene, nang kabeh babagan sing diperlokna nggo kluarga SMAGO86.  Bisa babagan Siraman rohani, blajar nglola bisnis kluarga, lan sapanunggale.  Sing ngisi bisa skang ahli njaba apa ahli sing akeh nang sedulur SMAGO86 liyane. 
  • Sdurunge diwiwiti, prabot sing nang Gombong arep marani meng umah2 warga ben jelas apa sing dikarepna Silawuh, ben tambah regeng ora ana ewuh pakewuh.
3.  Pawarta Bungah sing klebu kasile Temu Kangen 2008 wingi dadi Temu Jodoh. Kang Aris wis ndaup Yu Damiana wektu wulan Juni kepungkur, nag MMBM wingi skaligus press confrence saklorone.  Jyaan mantab banget lah, gari sapa maning sing nyusul??



_



 
Keyonge semene sing ana nang catetan kecarikan SMAGO86, ana klenta-klentune nyuwun gung ing pangaksami.
 
Kesuwun
Untung Karnanto
Email : untung_ka@yahoo. co.id, untungk@gmail. com
Blog : http://mahonijawa. blogspot. com



Tidak ada komentar: