Katur : Sedulur SMAGO86, Sedurunge nyuwun ngapura meng Sedulur kabeh, utamane Lurahe. Lha telat banget lapurane... Sesuai hasil musyawarah Prabot karo warga sing nang Gombong, ngepasi karo Buka Bersama nang ndaleme kang Bayan (Lukman S.) dina Setu 5 September 2009, ana 3 babagan sing arep tek aturna meng Sedulur kabeh. Awit ora kabeh sedulur pada mbukak internet (millis /facebook), atas nama Prabot SMAGO86 nyuwun tulung dipun getok tularaken meng kabeh sdulur sing ketemu, mbuh langsung apa sms apa layang liyane...
Panggonan : Daleme Bayan Lukman Prayitno/Umang Gg. Nyiur no. 2 Gombong Dina/tanggal : Rebo, 23 September 2009 Wektu : Jam 09.00 WWIB - rampung Uborampe : - Orgen tunggal kang Pujo Raharjo (IPS4) - Snack a la Nguna. Acara : siturahmi... kangen-kangenan. ..nyanyi- nyanyi... Pernik : sedulur bisa tuku/pesen oleh2 Kebumenan.. 2. Prabot karo keluwarga SMAGO86 sing manggon nang Gombong lan sekitare (karanganyar- tambak-sumpiuh) arep nganakna SILAWUH 3 wulanan (silaturahmi- arisan-ngangsu kawruh). Rencanane arep dimulai wulan Nopember 2009. Setitik babagan Silawuh:
3. Pawarta Bungah sing klebu kasile Temu Kangen 2008 wingi dadi Temu Jodoh. Kang Aris wis ndaup Yu Damiana wektu wulan Juni kepungkur, nag MMBM wingi skaligus press confrence saklorone. Jyaan mantab banget lah, gari sapa maning sing nyusul??
_ Keyonge semene sing ana nang catetan kecarikan SMAGO86, ana klenta-klentune nyuwun gung ing pangaksami. Kesuwun Untung Karnanto Email : untung_ka@yahoo. co.id, untungk@gmail. com Blog : http://mahonijawa. blogspot. com |
Rabu, 09 September 2009
mBukak Lawang (open house) SMAGO86 Lebaran 2009
MMBB Ciledug (SMAGO86 Korwil Barat)
Dear Ketua + Kel Smago86 Alhamdulilah acara MMBB Cileduk ( Smago86 Bag Barat ) wis kelaksanan, matur kesuwun sing jero banget karo kel. H Edi W. MMBB pol banget....suguhane komplit ora karuan....sepisan maning thank,s berat kanggo Kang H Edi + Hj Nuria Acara ditekani +/- 16 Personel, dikarenakan sebagian kanca2 sing maune arep teka ujug-ujug ana acara sing ora bisa ditinggal, ya maklum, tapi intine MMBB Ciledug alhamdulilah kelaksanan. Menindak lanjuti pesene ketua, hasil MMBB Gombong wis di informasikna karo kanca2 Jabodetabek, antara lain : 1. Rencana Open House Lebaran Kantor Pusat.( Nggombong ). Karena lebaran tidak ada acara reuni secara resmi maka sekretariat Smago86 gombong mengadakan open house tgl 23 Sept nang ndaleme Kang Luxman 2. Album / Buku Smago....diharapkan partisipasi ongkos cetak kanca2 sing wis entuk bukune ndang2 hubungi yu Nunik ( bendahara ) 3. Kabar seneng kanca sing dadi kakaluargan ( kang Aris + Yu Damiana ) 4. Smago86 wadah kabeh keluarga lulusan 86 ( IPA, IPS, Bahasa, PKK ) ora nganggo atribut werna - werna, kakancan, kakaluargan jaga silaturahmi ( Kebersamaan ) 5. rencana Smago Kantor pusat rencana pertemuan rutin per 3 bln ( Gombong ) Hasil MMBB Cileduk, 1. Maturnuwun Kang H Edi..+ Hj Nuria......MMBB terjamin.... . Wareg 2. Rencana Halal bihalal Smago Korwil Jabodetabek ( kang Wismal ) lagi di set panggonane, wektune insyaallah minggu ke 4 Syawal 3. Rencana ketemuan rutin Smago Jabodetabek insyaallah 6 wulan pisan, waktu dan tempat giliran anggota ( ben bisa kepanggon kabeh, tetep njaga silaturahmi ) 4. Buku / Album sekalian kesebar rata.....nek sing durung entuk cepet2 hub inyong...ngger krang mengko njaluk gawakna maning karo Om Aliong.... Kaya kuwe Pak Ketua....angger informasi kiye kurang jelas kanca - sing wingi MMBB nang Cileduk tulung tambahi info nggo ketuane... salam nyoman |
Rabu, 02 September 2009
MMBB (mangan-mangan buka bersama)
MMBB GOMBONG : ------------------------------------------------------- Sedulur SMAGO86..... Menindak lanjoetken obrolan dengan Kang Lurah, prabot kelurahan SMAGO86 ajeng ngawontenaken Buka Bersama sekaligus gendu-gendu rasa sing utami nggih Silaturahmi saderenge Lebaran taun menika. Mbok bilih enten usulan, utawi saran kangge regenging acara Buka bersama menika, mangga dipun aturi wawan rembug. Rencana acara badhe dileksanakaken ing: Dinten/tanggal: Setu legi, 5 September 2009 Wekdalipun: jam 4 sonten sampun kempal Panggenan: daleme Kang Bayan Luxman (Gg. Nyiur-Gombong) Sepindah malih, mbok wonten usulan napa kemawon, nyumanggaaken. Nuwun tulung ugi dipun GETHOK TULARaken kaliyan sedulur SMAGO86 sanesipun. Kepareng Carike Untung Karnanto MMBB JAKARTA: ------------------------------------------------------- Rekan-rekan SMAGO86 yang terhormat. AM |