Kamis, 05 Februari 2009

nyuwun donga pangestu

 
Assalamualaikum Warohmatullohiwabarokatu.
Sederek-sederek Smago 86, sederek-sederek Smago sanesipun, tuwin sinten kemawon ingkang wonten ing Gombong.
 
Kita, panitia Seminar & Workshop "10 Tahun Milis Dikmenjur INTERNET DAN BAHASA ASING UNTUK PENDIDIKAN DI ERA GLOBAL, badhe nyuwun donga pangestu supados seminar samangke Minggu 8 Pebruari 09 saged lumampah kanthi sae lan berkah.
Insya Alloh badeh rawuh wonten Gombong : Dr.Ir. Gatot Hari P (Direktur SEAMOLEC), Dr.Ir. Onno W Purbo (Pakar IT), Kementrian RISTEK, lan pembicara sanesipun : Agus Hery (Bloger Edittag), Dra. Retno Sulistyaningrum (LIA Yogya), Kwarta Adhimprana (PUSTEKOM Jakarta).
 
Maturnuwun sanget dumateng sadaya kemawon ingkang sampun mbiantu moril & materil.

Kita sakanca ugi badhe nyuwun pangapunten dumateng sadaya kemawon, bilih menawi wonten tindak tanduk panitia kirang sae wonten manah panjenenganipun sedaya.  Kita sakanca mboten gadhah krenteg ingkang kados mekaten. Niat kita namung badhe atur sumbang sih dumateng  Gombong.
Amargi sepindah wonten ing mriki kita sedaya miyos. Kaping kalih warga Gombong estu-estu mbetahaken seserepan babagan internet punika.
Estunipun wargo Gombong taksih mbetahaken sumbang sih ingkang awujud seserepan utawi menapa kemawon. Pramila mangga kita sami lelomban ngudi kesaenan tumraping kutho kita lan sederek-sederek kita wargo Gombong supados samangke Gombong lan warganipun saged gesang langkung sae.
Wa`alaikumsalam Warohmatullohiwabarokatu.
 
an. Panitia
 
kang yuPur & kang Mingun
malang        - gombong
SMAGO'86


 

Tidak ada komentar: